contoh pidato bahasa jawa petugas penyuluhan penghijauan

hai teman teman!! kali ini aku mau berbagi sedikit materi buat kalian, sekarang ini aku dapet tugas supaya bikin pidato petugas penyuluhan penghijauan dalam bahasa jawa,jadi buat teman-teman yang mendapat tugas yang sama bisa nih lihat contoh pidatoku yaa..semoga bermanfaat!



PIDATO BAHASA JAWA PETUGAS PENYULUHAN PENGHIJAUAN


,Assalamualaikum warrohmatullohi wabarokatuh.

Dhumateng Bapak Kepala Sekolah
Dhumateng Bapak lan Ibu guru
Lan dhumateng rencang sedaya ingkang kulo tresnani

Hadirin ingkang kulo tresnani
Monggo kita sesarengan njunjungake puja lan puji syukur marang  Gusti allah SWT amargi sampun maringi berkah lan karunia. Saengga kita sedaya saged makempal sesarengan kanti sehat wal afiat.

Hadirin ingkang kulo tresnani
Wonten ing kesempatan niki, kulo badhe mbagi sekedik ilmu kulo wonten ing tema “Penghijauan”.

Kaping pisan ingkang kita sedaya perlu sadari lingkungan kuwi panggenan kangge kita sedaya nggantungaken urip, umat manungsa. Amargi meniko kita sedaya kedah njaga lingkungan sae-sae supados bumi ngasilaken keuntungan kangge kita sanes kerugian utawi bencana kangge kita.

Para hadirin ingkang kinurmatan, kita sedaya ngertos menawi seniki bumi kito sampun tua, kathah sanget kebon-kebong ingkang ditegori kangge didadosaken permukiman utawi kebon disengojo ditegor lan kayu-kayune dipun di dol. Menawi hal menika mboten mandheg-mandheg, sanget kemungkinane badhe terjadi bencana kados tanah longsor, banjir lan bencana- bencana lintunipun.

Wonten kathah cara ingkang saged kita laksanakaken kangge nggalangaken penghijauan, kados reboisasi, pendamelan taman kota, lan ngangge sistem tebang pilih tanam. Wonten penggalangan penghijauan menika, kita mboten pareng mung ngenteni tiyang lintu utawi pemerintah kangge nglaksanakaken menika, nanging niki dados tanggung jawab kita sareng-sareng.

Mila, kula ngajak rencang-rencang sedaya kangge nglaksanakaken reboisasi utawi penghijauan ulang. Kita saged miwiti saking ruang lingkup ingkang paling alit yaiku wonten griya kita. Yaiku nyobi kangge nanem wit wonten daerah sekitar lingkungan griya kita.

Nanem wit menika kagungan kathah sanget manfaat. Antaranipun saged ngurangi polusi, lan akar-akare saged nyerep toya ingkang saged mencegah bencana banjir.  Kita saged mulai saking seniki ingkang teksih enom, kangge njaga bumi kita saking kerusakan. Lan saged damel bumi kita menika mugi ijo kangge nylametna jiwa kita, bumi kita, lan anak cucu kita mbenjing.

Cekap semanten sekedik tentang penghijauan ingkang saged kula sampeaken. Semoga saged manfaat kangge kita sedaya. Lan menawi wonten kathah lepat kula nyuwun agunging pangapunten.

Wabillahi taufiq walhidayah.

Wassalamualaikum wr wb.

Komentar

  1. Balasan
    1. Jangan hina blog orang dong.. Blog ini terserah difungsiin sebagai apa buat dia. Entah itu buat pribadi, informasi atau apa terserah.. Dan ini pun juga bermanfaat menurutku, ia menggunakannya sebagai informasi dan pendidikan. Dan itu adalah hal yang BERMANFAAT. Entah itu buat dirinya dan lainnya.

      Hapus

Posting Komentar